Lirik Lagu Bojo Simpenan - NDX A.K.A Famillia

Lirik Lagu Bojo Simpenan - NDX A.K.A Famillia

ning ngisor sorot rembulan ing wengi iki
tak gantungke tresno ku kang tulus suci
sanajan aku dudu kang nomer siji
roso ku ukir sak jeroning ati

sampun lembah manah anggonku tresno karo koe
susah seneng sek rasakke embuh pie akhire
ndalah adi welas asih andom wadi kroso gerih
andhap ngasor ngampet tangis tresno iki ora pamrih

silir angin segoro nggugah atiku
karang geding tengah laut nguatke aku
tansah tak gujeng kenceng ra bakal tak uculke
amergo sucining tresnoku namung kanggo koe

(#gvt#)
hasil eluh kang netes
seng dadi seksi loro an cidro
nanging gedhe asmoro
tetep ora bakalan aku lungo

reff:

madep mantep tresno mung kanggo slirahmu kang mas
ra bakal biso pindah ing ati lio
sanajan aku mung bojo simpenanmu
nanging atiku ora bakal mlayu

tak sungging esemanku saben ketemu slirahmu
tak suntak kabeh isi kang ono ning atiku
aku ngerti ora gam pang yen dadi bojo simpenan
namung pasrah lan mugu gusti paringi dalan

ora peduli sepiro anggonku ngenteni 
sewu wulan sewu tahun bakal tak larungi 
mergo sampean kadung urip ono ing ati
kroso tetep jumeneng nggo koe tekanku mati

back to #gvt#

(cowok)

aku ngerti  tresnomu mung kanggo awakku nimas
nanging ati iki wes ono sing nduweni
sabarno atimu kuwatno batinmu
yen pancen jodoh ora bakal mlayu

back to reff
Fernand J.E Fivie Erlina Saya hanyalah blogger pemula yang hobi menulis dan berbagi pengalaman

0 Komentar

Post a Comment